Friday, April 6

Wis nate duwe gacoan, Mas?

“Bener ya mas, sampean durung nate duwe gacoan?” Pitakonan iku kiro-kiro wis telung taun kepungkur disampekna konco wadonku saka Indonesia timur. Tak jawab durung, deweke ora ngandel. "Ah, ora ngandel aku”, tembunge bocah iku. “Ora ngandel yo wis. Seumur-umur angger nembung wong wadon, mesthi ora gelem kok, alias ditolak”, jawabku rada isin.

E...lha kok wulan wingi ono maneh bocah wadon sing nyoba klarifikasi, mestekne apa tenan aku iki durung nate duwe gacoan (pacar). Koyo jawabanku telung taun kepungkur, kanthi manteb aku jawab maneh yen nganti saiki aku pancene durung nate pacaran. Tetep wae bocah wadon iki ya tetep ora percaya. Jarene, aku ora ana tampang blas yen durung nate pacaran. ”Durung nate 10 kali paling!”, jare bocah wadon iku semu ngece.

Wee..lah, dikandani kok ora percaya, ya wis, mangsa bodoa. Ning sejatine kanggoku ora penting. Wong liya percaya apa ora karo kasunyatan urip sing tak alami saiki. Percaya mongso bodoa, ora percaya ya mangsa bodoa.

Yen dibayangke, koyone pacaran iku nyenengkeh. Koyo neng pilem-pilem lan sinetron iku. Ndonya koyone mung duweke wong loro, isine seneeeeng thok. Sok-sok nganggo ambung-ambungan barang, rambute dielus. Sing wadon nyendenke sirahe neng pundake sing lanang, utawa sewalike. Wah, jan...sok-sok yo kepengen tenan. Nanging nganti saiki mung iso dibayangke thok. Hiks..mesakke tenan yo? Ora opo-opo. Wong aku ora ijenan. Okeh tunggale, senajan umure meh expired alias nyedaki uzur, nanging durung tau pacaran.

Salah sijine, koncoku soko Lamongan. Bocah iki, jenenge nganggo isial A. Ora usah tak arani jeneng komplete, mengko mundhak disemoni aku. Yen dibandingke karo bocah iki, aku yo sik rada mongkog sithik, sik mendingan lah. Yen aku wis bola-bali ditolak, lha yen koncoku iki, yo wis tahu seneng karo bocah wadon. Yo wis tahu nembung, nanging yo nasibe podo karo aku, bocah wadone ora tahu gelem. Bedane, yen aku luwih sering ditolake, tinimbang deweke. Aku ora ngandel, yen koncoku ini ora luwih soko ping telu nembung bocah wadon. Luwih sering koyone si A iki yen seneng karo bocah wadon mung dibatin.

Ono maneh koncoku, inisial jenenge S. Asline soko Gresik. Lha kebetulan, si S iki manggone kok sak omah karo si A. Wis, nasibe podo koyone. Malah koyone luwih nelongso sithik. Koyo-koyone malah durung tau nembung bocah wadon, opomaneh duwe gacoan. Tapi ya mbuh ya, wong aku ora pati dong sejarahe si S iki. Jan apik tenan lho si A lan si S iki. Loro-lorone iso diarani pinterlah. Utek-e lumayan encer, sering nulis. Malah sok-sok nggawe puisi barang. Sing ngedab-ngedabi, si S iku malah hafidz Qur’an. Opo ora hebat? Tapi mergo hafidz Qur’an iku, mungkin bocah-bocah wadon padha sungkan yen sak jane seneng karo deweke.

Sing jelas, aku si A, lan si S, nasibe ora beda adoh. Durung nate duwe prestasi, duwe gacoan. Saiki menawa adu cepet-cepetan oleh gacoan, koyo judul pilem “40 hari mencari Cinta”, koyone bocah telu iki (termasuk) aku, tetep ora bakal kasil. Yen wis ngono, yo nunggu pepesthen urip wae, sopo ngerti Gusti Allah ujug-ujug ngirim bocah wadon uaaaayu, banjur dirabi langsung wae.

04 Maret 2007

No comments: