Friday, April 6

Isih iso boso Jowo???

Nalika semana, Bu guru ngajari aku lan murid-murid liyani nulis aksara Jawa. Ha-na-ca-ra-ka; da-ta-sa-wa-la; pa-da-ja-ya-nya; ma-ga-ba-tha-nga. Ngendikane bu guru, aksara Jawa iku ana ceritane. Salah sijineng raja, ngutus pangeran loro, ngeterne pusaka (keris). neng dalan, pangeran kekarone pada sulaya utawa padu. Pangeran siji nyabut warangkane (sarung) keris, liyane oleh kerise. Terus kekarone tusuk-tusukan, banjur mati kabeh.

Aksara-aksara iku isih aku apal nganti saiki. Nanging yen dikon nulis, aku wis okeh sing lali. Mbiyen apal "luar kepala" (ukara ini ora ana gantine neng basa Jawa). Saben minggu, bu guru mesthi maringi PR, nyalin aksara Jawa dadi tulisan utawa tulisan latin, lan sewalik-e. Bu guru uga maringi imla' utawa dikte nulis aksara jawa. Makane aku lan konco-konco nganti kelas enem SD, lanyah utawa lancar nulis aksara Jawa.

Saiki nganggo boso Jawa wae angel tenan, padahal mung boso ngoko. Apomaneh yen nganggo boso Jawa krama inggil, wis malah tambah akeh aku sing lali.

Sakliyane nulis aksara Jawa, bu guru uga ngajari awalan, imbuhan lan akhiran basa Jawa. Aku wis lali babar pisan, apa iku istilahe. Contone, penak oleh awalan lan akhiran, dadi ke-penak-en, lan liya-liyane. Sing paling tak senengi biyen yen konco-konco oleh tugas ngapalne jeneng-jeneng anak kewan lan arane kembang wit-witan.

Anak gajah iku jenenge Bledug, anak cecak jenenge sawiyah, anak kebo jenenge gudel, anak sapi jenenge pedet, anak wedhus jenenge cempe, anak menthok jenenge minthi, anak boyo jenenge krete, anak pitik jenenge kuthuk, anak bandeng jenenge nener, anak kethek/monyet jenenge kowe, anak asu jenenge kirik, anak macan jenenge gogor.

Lha yen arane kembang-kembang wit-witan: kembang kopi (maya), kembang kambil (manggar), kembang tebu (glagah), kembang jambe (mayang), kembang asem (......wis lali), kembang jambu (....wis lali), kembang gedang (tuntut utawa ontong), kembang nangka (....wis lali), ...............lan akeh banget aku sing wis lali.

Senajan wis okeh sing lali basa Jawa, yen bali ngomah aku isih terus nganggo basa Jawa. Yen matur karo ibu aku yo sik iso nganggo basa krama inggil, nanging ya campuran ngoko barang. Soale wis akeh sing lali. Mergo iku, aku kerep mikir yen tekan titi mangsane, koyo-koyo basa Jawa iku bakal ilang. Kira-kira basa krama Inggil wis ora dienggo rong abad saka saiki, kalah karo basa Indonesia.

Lha banjur piye carane ben basa Jawa iku ora ilang? yen kepethuk konco-konco lawas saka Jawa, aku biasane tetep nganggo basa Jawa. Kejaba ana wong liya suku sing ora ngerti basa Jawa, kanggo ngajeni yo kepeksa tetep nganggo basa Indonesia. Ah..pancen angel tenan saiki nganggo basa Jawa. :-)

3 Maret 2007

2 comments:

DianKA said...

hafal luar kepala istilahe apal nglothok

Pengelana Jiwa said...

matur sembah nuwun mas DianKA paring pitulungan supados kemutan..:-)